Kembang Asmara
Voc. Edhie WS
Cipt. Yhady S, M Aeruto | Arr. M Aeruto
Produksi AVM Studio
Album : Kidung Negeri Khayangan
Sasat kaya tlaga kasatan toya |
Kadadak ana udan salah mangsa |
Kayata atiku kang nandang asmara |
Ora ngira kowe teka nggawa tresna |
Ngumbara angenku lelana ing tawang |
Prasasat kaya angitung lintang |
Kaya ngene rasane yen lagi kasmaran |
Karo kenyo ayu kembang pujaan |
Senadyan amung sak keplasan |
Esemmu agawe atiku kepranan |
Sorote Netramu tumejem ing atiku |
Saya nambahio tresnaku |
Kaya ngapa bungahing atiku |
Tansah cecaketan mring sliramu |
Prasasat jagad iki mung dadi duwekmu |
Cah ayu timbangana tresnaku |
Kembang asmara rinakiting basa |
Minangka talining cipta lan rasa |
Ndak suwun marang Gusti kang Maha Kuawasa |
Muga-muga tresna saya ngrembaka |
-------------------------------
Kerjasama AVM Studio & Pemkab Wonosobo
Program Pembinaan Musisi & Pengembangan Promosi Pariwisata Wonosobo
Video : arsip Diparbud Wonosobo
Model : Niken Andriani
ora kalah karo didi kempot, maju trusssssssssssssss
agusarema 2 years ago
maturnuwun mas....kita masih punya stok 36 lagu lagi....
avmstd 2 years ago